Text
Rangsang Tuban : Novel Para Priyayi Jawi Ingkang Ngemot Piwucal,Patuladan Lan Kutaman
Novel Jawi ingka g asesirah Rangsang Tuban punika saestu carios ingkang migunani tumrap tiyang kathah. Jalaran isinipun ngemot piwucal, patuladhan saha kautaman ingkang saged dipun damel kaca benggala, kangge gesang saben dinten. Ing ngriku cetha menawi tiyang salah badhe seleh. Jumbuh kaliyan sesanti becik ketitik ala ketara, sing goroh bakal growah.
Padmasusastra ing jagating kasusastran Jawi saestu misuwur sanget. Panjenenganipun sinebat tiyang mardiko ingkang ngudi kasusastran jawi. Yasanipun asring dados panaliten tuwin sesrepan. Kanti nganggit Rangsang Tuban menika Padmasusastra yasan gagrag enggal, ingkang benten kaliyan wujud kasusastran sakderengipun. Kaprigelanipun Ki Padmasusastra ing babagan kasusastran sayektos pengpengan, amargi nate meguru dhumateng Raden Ngabehi Ranggawarsita. Pujangga Agung Kraton Surakarta.
| 10521 | 899.22 DEN r c.6 | My Library (RAK 800) | Tersedia |
Tidak tersedia versi lain