Text
Nglebur Wirang
Dheweke ora pengin ninggalake Pandanwengi amarga dheweke anak ontang-anting. Ora sah dikandhani, dheweke wis ngerti yen kudu nerusake usahane pakne. Nanging rencana lan jangkaning manungso bisa owah amarga kahanan. Gara-gara katresnane marang Ningrum cabar, Trisno pilih nglungani kanikmatan sing paribasane kari ngemplok. Rasa wirang sing ora bisa diampet amarga kapedhotan katresnan, kudu dilebur. Kanthi minggat kuwi dheweke nglebur wirang. Rekasa lan lara-lapa dilakoni kanthi sabar. Pilihane ora salah. Kajaba ing pungkasan dheweke bisa urip kanthi kepenak, akeh pengalaman anyar sing ora bakal dimangerteni apa dilakoni yen dheweke tetep ana ing Pandanwangi. Bocah-bocah enom sing kepengin urip lewih apik, kepengin maju, lan kepengin ngerti perkara-perkara anyar, pancen padha ninggalake desa. Gandheng wi keluarga lan anak-anak, kanggone Trisno Pandanwangi penake lan apike ya dinggo tetirah, diparani lan ditiliki sedhela-sedhela yen butuh ngaso saka gaweyan saben dinane. Tilik Pandanwangi kuwi minangka atur panuwun marang desa sing wis nglairake lan menehi seserepan ing bab urip lan panguripan. Kaya anak manuk, nalika swisini wis pengkoh, dheweke mabur, golek sandhang pangan dhewe, pisah saka wong tuwa. Bedane, piyik ora diwenehi modal dening bapa biyunge nanging dheweke kepeksa nyilih modal marang pakne kanggo nggayuh urip sing luwih becik kanggo anak-anake ing tembe mburi. Arepna pakne kandha yen dheweke ora perlu mikir dhuwit sing digunakke kanggo bukak usahane kuwi, Trisno tetep kepengin mbalekke. Lan nalika tilik ndesa sak anak bojone kuwi, dheweke wis ora duwe utang maneh marang pakne lan mbokna.
| 10697 | 899.222 YOS n c.1 | My Library (RAK 800) | Tersedia |
| 10698 | 899.222 YOS n c.2 | My Library (RAK 800) | Tersedia |
Tidak tersedia versi lain