PERPUSTAKAAN WIDYA GRAHA

  • Beranda
  • Informasi
  • Berita
  • Bantuan
  • Area Anggota
  • Pilih Bahasa :
    Bahasa Arab Bahasa Bengal Bahasa Brazil Portugis Bahasa Inggris Bahasa Spanyol Bahasa Jerman Bahasa Indonesia Bahasa Jepang Bahasa Melayu Bahasa Persia Bahasa Rusia Bahasa Thailand Bahasa Turki Bahasa Urdu

Pencarian berdasarkan :

SEMUA Pengarang Subjek ISBN/ISSN Pencarian Spesifik

Pencarian terakhir:

{{tmpObj[k].text}}
Image of Pawestri Tanpa Idhentiti

Text

Pawestri Tanpa Idhentiti

Suprato Brata - Nama Orang; Dhanu Priyo Prabowo - Nama Orang;

Crita roman Jawa sing ngandhakake yen wong Jawa kuwi bisa urip modheren, bisa urip nganggo prekakas, instrumen, infrastruktur, mobil pungkasan, budaya abad mutakhir, hubungan bisnis karo manca negara, ngene iki jare sastrawan Indonesia Beni Setia, kuwi Eksperimene Suparto Brata (KOMPAS Jatim, 27-08-09). Kuwi diupamakake padha karo polahe sawijine uwong sing anggone mawas bumi kecedhaken banget, ora percaya yen bumi kuwi bunder. Nyatane dheweke ngadeg, mlaku, mlayu ing lumahe bumi, prasane ya bumi kuwi leter wae. Ora rumangsa gliyar-gliyur kaya yen ngadeg ing ndhuwure bal bunder. Tegese pengarang Suparto Brata anggone ngarang yen wong Jawa kuwi bisa nglakoni urip ing donya jaman modheren, marga Suparto Brata dhewe anggone urip ya kaya mengkono kuwi. Urip kaya sing digagas dadi crita. Uripe pengarang cedhak banget karo lakone crita. Mula kaya-kaya ora bisa nyawang yen wong Jawa kuwi uripe durung nganti tekan samono modherene. Nanging wong Jawa urip kaya ing crita iki pantes banget dadi cita-citane ngaurip para wong Jawa kabeh wae.
Pawestri sawenehe wong wadon, ketangkep pulisi nalika lagi ana ing kamar hotel. Kahanane nggliyeng kaya arep semaput. Panuluh Barata, sing ngonangi bab kuwi, lan uga marga dijaluki tulung mitra bisnise sing duwe kamar hotel, gage tetulung. Pawestri dibelani nguwali saka tangkepane pulisi, jare diaku sekretarise. Marga tetep arep semaput, terus wae digawa menyang rumah sakit. Dipasrahake dhokter sing dipercaya tenan. Lan didama-dama temenan dening Panuluh Barata, sawenehe priyayi pembisnis daging sapi njendhel import saka Australia.
“Aku ngopeni Jeng Pawestri neng kene kuwi dudu ngregem mala. Kanthi tulus ati arep tetulung. Dheweke kuwi lagi kacilakan, kelangan graita,” ujare Panuluh.
“Pak. Mbok sampun, ta, Pak. Tiyang niku diwangsulke teng hotel mawon. Ampun direksa ing mriki. Nular-nulari penyakite! Tiyang wedok hotelan penyakite napa? Sifilis, rajasinga, gonorhoea, penyakit masyarakat sing dirazia pulisi,” ujare Pangestu.
Antarane Bapak lan Anak lanang, padha congkreh nanggapi anane Pawestri Tanpa Idhentiti kuwi. Sapa ta, Pawestri kuwi? Apa lakone ing roman iki? Crita eksperimene Suparto Brata kang tansah renyah. Yen wis wiwit maca, racake emoh yen ora ndang dirampungake.


Ketersediaan
10859899.222 SUP p c.2My Library (RAK 800)Tersedia
10860899.222 SUP p c.1My Library (RAK 800)Tersedia
Informasi Detail
Judul Seri
-
No. Panggil
899.222 SUP p c.2
Penerbit
Yogyakarta : Penerbit Narasi., 2010
Deskripsi Fisik
392hlm.;23cm
Bahasa
Jawa
ISBN/ISSN
9789791682497
Klasifikasi
899.222
Tipe Isi
text
Tipe Media
-
Tipe Pembawa
-
Edisi
cet.1
Subjek
sastra jawa
novel bahasa jawa
Info Detail Spesifik
-
Pernyataan Tanggungjawab
-
Versi lain/terkait

Tidak tersedia versi lain

Lampiran Berkas
Tidak Ada Data
Komentar

Anda harus masuk sebelum memberikan komentar

PERPUSTAKAAN WIDYA GRAHA
  • Informasi
  • Layanan
  • Pustakawan
  • Area Anggota

Tentang Kami

Sebagai Sistem Manajemen Perpustakaan yang lengkap, SLiMS (Senayan Library Management System) memiliki banyak fitur yang akan membantu perpustakaan dan pustakawan untuk melakukan pekerjaannya dengan mudah dan cepat.

Cari

masukkan satu atau lebih kata kunci dari judul, pengarang, atau subjek

Donasi untuk SLiMS Kontribusi untuk SLiMS?

© 2026 — Senayan Developer Community

Ditenagai oleh SLiMS
Pilih subjek yang menarik bagi Anda
  • Karya Umum
  • Filsafat
  • Agama
  • Ilmu-ilmu Sosial
  • Bahasa
  • Ilmu-ilmu Murni
  • Ilmu-ilmu Terapan
  • Kesenian, Hiburan, dan Olahraga
  • Kesusastraan
  • Geografi dan Sejarah
Icons made by Freepik from www.flaticon.com
Pencarian Spesifik